*BINJAI* – Neng *Malam Jumat*, jamaah perwiritan nganakke pengajian lan tausiah neng omah *Shohibul Bait Bapak Haji Dedi*. Acarane dipandu karo *MC Pak Supono*.
NATA ATI, KUNCI SLAMET DONYO AKHERAT

Tausiah iki ngundang penceramah *Ustadz Suherman, soko anggota Puja Kesuma sing khusus diundang* kanggo ngisi pengajian perwiritan malam Jumat kuwi.
*Jamaah perwiritan teko okeh banget lan ketok antusias tenan* nggatekke tausiah soko awal nganti akhir acara.
Neng tausiah kanthi tema _”Nata Ati”_, Ustadz Suherman ngelingke jamaah bab pentinge njogo ati utawa _qalbun mukminin_.
Miturut beliau, ati kuwi pusate iman e wong. Nek atine resik, amale yo apik. Kosok baline, nek atine kotor, kabeh tumindake yo melu rusak.
> “Mulo jogo atimu, mergane ati kuwi sing nemtokke imanmu,” ujare Ustadz Suherman.
*Atine Wong Kafir Sing Ketutup*
Ustadz Suherman njelasake, atine wong kafir kuwi ati sing wes ketutup lan mati. Dikandani bener opo ora, podo wae hasile, mergane atine wes ora gelem nompo cahyo hidayah.
Beda karo wong beriman, nanging isih ono penyakite neng atine. Salah siji penyakit sing paling bahaya kuwi *sombong*.
> “Wong sing neng njero atine ono kesombongan, ora bakal mlebu suargo,” tegas beliau.
*5 Carane Njogo Ati*
Ben atine tetep resik lan slamet, Ustadz Suherman ngandhakke 5 amalan sing kudu dijogo:
*1. Kumpul Karo Wong Sholeh*
*2. Moco Al-Qur’an*
*3. Tangi Tengah Wengi, Sholat Tahajjud*
*4. Akeh Dzikir*
*5. Akeh Poso*
*Qolbun Salim, Ati Sing Slamet*
Neng akhir tausiah, Ustadz Suherman negeske yen tujuane soko kabeh amalan kuwi kanggo nggapai _Qolbun Salim_, yoiku ati sing slamet.
Ati sing slamet kuwi ati sing resik soko syirik, sombong, dengki, lan penyakit ati liyane, saenggo sesuk iso sowan marang Gusti Allah SWT kanthi slamet.
> “Jogo atimu, ben awak dewe mulih marang Gusti Allah kanthi ati sing slamet,” pungkas e.
*Dongo Dipimpin Langsung Karo Ustadz*
Acara banjur ditutup karo *dongo sing dipimpin langsung karo Ustadz Suherman*. Kabeh jamaah ketok khusyuk ngamini dongo, nyuwun mugo Gusti Allah SWT paring ati sing resik, iman sing kuat, lan keslametan donyo akherat.
Acara perwiritan Malam Jumat sing digelar neng omah Shohibul Bait Bapak Haji Dedi lan dipandu MC Pak Supono iki mlaku lancar, tertib, lan kebak khidmat.
*Titik Terang News*

